TEKS PIDHATO ( teks sesorah )
○ TUJUAN PIDATO :
- Kanggo menehi pangerten utawa kawruh.
- Kanggo menehi informasi marang wong liyo.
- Aweh penglipur.
- Kanggo ngajak wong akeh nglakoni pakaryan.
- Kanggo nglapurake kegiyatan sing wis dilakoni.
○ PIDATO ISO DILAKONI ACARA, YAIKU:
- Upacara.
- Mantenan.
- Agama (khotbah).
- Tujuh belasan.
- Perpisahan sekolah.
- Acara kedinasan.
○ KANG NYAKUP 9 PERANGAN, YAIKU :
- Irah - irahan
- Salam pambuka
- Pakurmatana.
- Purwaka basa utawa pambuka.
- Wos utawa isine sesorah
- Andharan wose sesorah ( yen prelu )
- Pengarep - arep ( pengajab ).
- Wasana basa utawa panutup.
- Salam panutup.
○ Langkah-langkah pidhato :
- Nemtokake tema.
- Nemtokake tujuan.
- Nyusun kerangka pidhato.
- Ngembangake kerangka dadi teks pidhato.
- Latihan kanthi swara lan pangucapan kang trep.
○ JINISE PIDHATO :
- PERSUASIF
menehi pengaruh marang wong sing ngrungokake.
- ARGUMENTATIF
menehi keyakinan marang wong kang ngrungokake.
- INFORMATIF
menehi pawarta/menehi weruh.
- DESKRIPTIF
nggambarake sawijining kahanan.
○METODE PIDHATO :
- Metode naskah
Pidhato kanthi maca naskah.
- Metode Imprompu
Pidhato dumadakan, tanpa ana persiapan.
- Metode Ngapalake
Pidhato kang wis direncanakake luwih dhisik, banjur diapalake.
- Metode Ekstemporan
Pidhato tanpa nggunakake naskah jangkep, nanging mung arupa pokok pikiran utawa cathetan pentik. Metode iki sifate luwes, maksude bisa kalarasake karo kahanan.
○ Mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi :
- Swara kang cukup.
- Kedal kang cetha.
- Unjal napas kang bener.
Tuladha teks sesorah :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak - bapak, Ibu - ibu, kaum muslim - muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin.
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun diparingu taufik serta hidayah.
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturakakeb prekawis sakedhik gegayutan kaluan acara " Apura ingapura " utawi " Halalbihalal " warsa 1437 H menika.
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kalengker, umat islam saindenging Nusantara samya nindakake shalat ied.
Ing wekdal ingkang sae meniks mugi - mugi para kaun muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah.
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pengampunten tumrap sadaya kaladuking stur sarta muranging trapsila.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
~ Semoga bermanfaat😊 ~
( Sumber :
- Gegaran Basa Jawa 2, Kelas XI SMA/SMK/MA ~ yudistira ~
- https://drive.google.com/file/d/0B1RvpSQZJC2-bWI4ZmI4dUhMNHc/view
- https://made-blog.com/contoh-pidato-bahasa-jawa/ )
Good
BalasHapusWah bermanfaat
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusBermanfaat sekali
BalasHapus