Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada, tembung - tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.
Gumantung net atine kang nggurit.
Ana kang kanggo lelawane basa ( gaya bebas ) tinamtu, uga ana kang biasa - biasa wae.
1. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangane
Supaya nemokake isi geguritan dilakoni kanthi cara ngisor iki :
- maca kanthi premati,yen perlu dibolan - baleni.
- Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso ( / ) utawa sigeg ( // ).
- Golekana tegese tembung - tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
- Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
- Tembahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Bumiku
Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti
Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Nanging, saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo wis ora ana ijo-ijoan meneh
Karono ulahe manungsa
Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang gusti
Sing akaryo jagad.
2. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
Ana kang nggambarakake rasa bungah, sedih, nggrantes utawa rasa serik kang kepati - patu marang kahanan.
3. Nulis geguritan nggunakake ragam bahasa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan.
Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab - bab kaya mengkene :
a.) Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale.
b.) Ngutamakake isi kang mentes, apik endah, lan becik.
c.) Bisa nggunakake lelawane basa ( purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale ).
d.) Isine bisa pitutur, krisis, protes, nyinder, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
4. Isine geguritan :
. Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
· Tema : ide baku kang dadi dhasare geguritan.
· Amanat : piweling sing ana ing sajroning geguritan.
· Diksi : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa).
· Retorika : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan.
5. Gurit kaperang dadi loro, yaiku:
· Gurit kuna
- Diwiwiti tembung sun nggegurit.
- Cacahe wanda saben sagatra pada.
- Tibane swara ing pungkasan gatra runtut.
· Gurit anyar utawa geguritan
- Cacahe gatra tanpa wilangan.
- Cacahe wanda saben gatra bebas.
- Tibane swara bebas.
- Pamilihing tembung diutamakake sing mentes.
- Ora nganggo tembung sun nggegurit.
6. Titikane geguritan, yaiku:
• Tembung-tembung pilihan.
• Isine mentes.
• Cacahe larikan ora katemtokake.
• Sajak pungkasan bebas.
• Arang-arang nggunakake tembung pangiket.
• Nggunakake tembung kawi sawetara.
~ Semoga bermanfaat😊 ~
( sumber :
Gagasan Nyinau Bahasa Jawa 3 Kelas XII SMA / SMK / MA ~yudhi/tira~ )
Gagasan Nyinau Bahasa Jawa 3 Kelas XII SMA / SMK / MA ~yudhi/tira~ )
Bermanfaat sekaliii
BalasHapusNtabss 👍
BalasHapusSangat membantu��
BalasHapusMakasih
BalasHapusBermanfaat sekali untuk belajar
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusNice
BalasHapus