Teks pawarta
Teks Pawarta yaiku teks sing nduduhake kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawisake liwat bentuk cetak, siaran ( tv lan radio ), internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
○ Pawarta kang becik iku asipat :
- Faktual : nyata, genah ana kadedean.
- Aktual : wektu kang pas.
- Wigati : dadi kawigaten wong akeh.
- Narik kawigaten : bisa njalari pawongan kang maca.
○ Struktur teks pawarta :
1. Irah - irahe pawarta
- Nggambarakake isine pawarta.
- Kudu bisa ndudut kawigaten ( manfaat ).
2. Alinea pambuka
- Kudu bisa ndudut kawigaten pawaca.
- Menehi informasi kang penting.
- Bisa nggawe pawaca mlebu ing perang e isi pawarta.
3. Awak pawarta ( isi pawarta )
- Ana 5W+1H ( apa, sapa, ing ngendi kapan, genea, lan kepriye ).
4. Penutup pawarta
- Ringkasan pawarta.
- Ngarahake pawaca ing perkara kang ora diduga - duga.
○ Unsur pawarta :
- Apa : masalah utawa bab kang didadekake pawarta.
- When ( kapan ) : wektu prastaws iku kedadean.
- When ( ing ngendi ) : papan panggonan kadadean prastawa.
- Who ( sapa ) : paraga kang nindakake prastawa.
- Why ( kanangapa ) : sebabe prastawa mau kedadean.
- How ( kepriye, piro ) : proses kadadean prastawa.
○ Perangan pawarta :
- Sesira : perangan pawarta kang ndisek dhewe.
- Angle / ringkesan : ukara kang nggambarakake ringmesane isi pawarta.
- Isi : ukara - ukara kang njlentehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kalan kadadean iku dumadi.
- Gambar : perangan pawarts kanggo nuduhake kaya ngapa kadadean prastawa kanthi kasat mata, ing media cetak awujud foto lan media elektronik awujud video.
- Sumber pawongan kang menehi keterangan utaws komentar marang dumadine prastawa iku.
○ Kaidah kebahasaan :
1. Ono keterangane.
2. Verba transitif.
3. Verba pewarta.
4. Verba intransitif.
5. Ukara majemuk.
6. Ukara langsung lan ork langsung.
○ Jinis pawarta :
1. Pawarta dadakan : pawarta kang wektu lan panggonane kadadeyan ora kena dipesthekake.
2. Pawarta ndinan : pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyan wis dimangerteni sadurunge.
3. Pawarta crita : pawarta kang ora dibatesi dening wakty lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake ( human interest ).
○ Pawarta bisa dicawisame liwat pirang - pirang bentuk kayata :
1. Bentuk cetak : majalah lan koran.
2. Bentuk siaran : tv lan radio.
3. Bentuk internet
4. Bentuk lisan : anak marang bapak, utawa sewalik e.
○ Teknik Maos Pawartos :
1.) Lafal(Wicara)
Lafal inggih menika caranipun tiyang ngedalaken swanten basa.
Saderengipun ngedalaken tembung-tembung asing , pamaos pawartos kedah mbikak kamus kagem mangertosi caranipun ngedalaken swanten saha mangertos bab maknanipun. Maos kanthi intonasi ingkang trep sarta lafal ingkang jelas
Pamaos kanthi teteh/ fasih, andhal, titi,teliti saben tembung, frase, klausa, saha jeda.Menawi munggel ukara kanthi trep boten badhe nyebabaken lepat tafsir/seling surup.
2.) Intonasi(Wirama)
Intonasi inggih menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda makna.
3.) Kedal kanthi teteh(Wicara)
4.) Sesambetan kaliyan volume swanten saha rindhik cepetipun(Wicara)
Maos teks pawartos kedah migunaaken swanten gandem lan cetha.
5.) Tatapan mata/ekspresi (Wiraga)
Saged ngraketaken komunikasi kaliyan pamirsa.Kedah konsentrasi nanging luwes.Menawi kasorot kamera kedah fokus mriksani kamera.
6.) Solah Bawa (Wiraga)
Kedah sopan santun saha sikep merbawani.
Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng.
7.) Artikulasi(Wicara)
Artikulasi mliginipun a, i, u, e, o, c, k, r, s, t, th, d, dh kedah jelas saha kanthi paugeran EYD (ejaan yang disempurnakan).
● Sifat :
- Aktual.
- Faktual / nyata.
- Cekak aos
- Narik kawigaten utawa menarik kanggk dingerteni.
- Unik.
- Uga jangkep.
Tuladha : Teks Berita ( Teks pawarta )
(Salam Pambuka)
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjing
(Pambuka)
Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi
Kawaosaken dening dening Roro Sunyi
Keris
(Isi Pawartos)
Keris,duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni, lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul.Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa.Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” nggadhahi makna supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan,sesongaran,sewenang-wenang,kumalungkung utawi adigang,adigung,adiguna.
Para Pamirsa, sutresna budaya.
(Isi Pawartos)
Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered. Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga ususipun mbrodhol medal saking padharanipun. Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok kerisipun, nanging ketiwasan amargi mboten saged ngendhaleni raos muntab, kepingin males tumindakipun Sutawijaya, saengga Harya Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus. Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak, amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun. Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh, ening, waspada, mboten grusa-grusu. Saengga sesekaran inggih punika kembang kolong keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang, wonten malih pemanggih bilih tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya Penangsang.
(Panutup)
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun
(Salam Panutup)
Sugeng Enjing
Wassalamualaikum Wr.Wb.
~ semoga bermanfaat ~
( sumber :
- Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 ~ Kelas XI SMA/SMK/MA, ~ yudhistira ~ ). )
👍
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusNice
BalasHapus